Sasi Ba’da ayoooo padha njaluk
pangapuro....njuk donga pangestu Ibu kalawan rama...sanak kadang....pokoke
kabeh lho yaw.....
Ki
tuladha sungkem,,,,iki sakral lho...cobanen bakal tumetes luh saka
pangrasamu
“Kula sowan wonten ing ngarsanipun Ibu
Ingkang Sepisan, atur sembah pangabekti
mugi katur ing ngarsanipun Ibu
Ongko kalih, estu kathah klenta-klentunipun
atur kula saklimah
tuwin lampah kula satindak
ingkang kula jarag lan mboten kula jarag
ingkang mboten ndadosaken sarjuning panggalih
Mugi Ibu kersa maringi gunging
samodra pangaksami,
Kula suwun kaleburna ing dinten riyadi punika.
Lan ingkeng putra nyuwunberkah saha pangestu mugi anggen
kawula ngudi kawruh wonten ing bebrayan sageda jumbuh kaliyan gegadhanging
Ibu...kathah gegayuhan ingkang dereng saged kalampahan, kanthi berkah pangestu
saking Ibu mugi Gusti paring ijabah....
Basa Jakartene kurang
luwih mangkene...
Saya datang menghadap Ibu
Pertama, menghaturkan sembah sujud
semoga diterima Ibu
Kedua, banyak kekeliruan
ungkapan saya sepatah
serta tindakan saya selangkah
yang saya sengaja maupun tidak saya sengaja
Yang tidak berkenan di pikiran dan perasaan
Semoga Ibu mau memberi maaf
sedalam, laksana samudera
Saya berharap lebur di hari raya ini
Dan saya mohon doa restu semoga dalam perjalanan saya
menuntut ilmu bisa terwujud sesuai apa yang diharapakan Ibu,,banyak cita cita
yang belum bisa tersampaikan,dengan doa dari ibu,semoga Allah memngabulkan...
Lha gandheng kowe wis
matur sungkem,Bapak Ibu mesti yo.....
Semono uga aku, wong tuwa
uga akeh klera-klerune
Kowe uga ngagungna pangapura
Ora luwih, kowe bisaa
kabul kang dadi ancas
lan dadi gegayuhanmu
Ora luwih, aku wong tuwa
mung bisa ndedonga marang Pangeran
Iya, kowe dak pangestoni
Basa Jakartene kurang
luwih mangkene...
Demikian pula aku, orangtua
juga banyak kekeliruan
Kuminta kamu memaafkan
sedalam, laksana samudera
Tidak lebih, semoga kamu dapat
terkabul apa yang menjadi hasrat
dan menjadi harapanmu
Tidak lebih, aku orangtua
hanya bisa mendoakan pada Tuhan
Endah bungahe ati wong tuwa yen anak
anake bisa basa....
Sing ngajari sopo?????????
guru basa jawa....
jenenge sopo?????
guru basa jawa....
jenenge sopo?????
Nuri Setyono....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....