Setahun Rong Wengi
Sinaput ing rasa ngeres
Ombak segara tanpa swara
Netes luh ndruwes rumembes
Gegodhongan kari rangka
Ora ana kembang kang angganda
Langit peteng, lintang kesasab mendhung nggameng
Anggonku nyandra muspra cahya ne
Suka, sorak, giyak lan gumuyu wus lesu
Jinarak jangkahku kebak ing
cidra
Uga gawe pahit getiring nala
Lelakon kang gawe ngunguning
ati
Iki masmu ngemis welas
pangapuramu Cah Ayu
Sakkabehing cidra luput mring sliramu
Lobat-labetku kang wus banget
Iki dakwangsuli, sun ngenteni...
Rembug satugel, gawe leganing ati
Angel dakrasa sliramu nglegani
Mas, cabuten tembungmu yen tresna mring aku.........
Upayaku lunga, kanggo suksesmu ndhuk....
Binarung rasa tan kena cinandra, aku ra kwasa
Anggonku lunga katon dibanda
Linambaran tresna kang nyata
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....