Bapak, sliramu wis sowan marang Gusti
Nalika putrimu ngelak
pitutur luhur
Iki donyane wis ajur mumur
Akeh manungsa sing urip
nglantur angel diatur
Bapak, sliramu wis sumare ing
alam kalanggengan
Nalika donyane kebak wisa
Kang sumrambah ngracuni para
manungsa
Kamangka putrimu isih
butuh tuladha
Bapak, sanajan ragamu wis
muksa...
Nanging ing pucuking wengi iki
Ana sakcuwil pepelingmu sing
tansah tak eling eling...
Uga isih daksimpen ana cepiting
ati..
Bapak, sliramu nate ngendika...
Yen manungsa pengin nggayuh
mulya ndonya klawan akherat,
Mung siji kang kudu diugemi,
yaiku saben-saben arep tumindak
Tansah eling lan nyandhing
marang Gusti kang Akarya Jagad
Bapak, senajan ragamu wis
sumare..
Nanging tuladhamu kanggo nggayuh
suwarga tansah dak amalake..
***
Tansah dadya Cahya kang sumunar,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....