IBU....MIMIK....
28MEI
Hamit-hamit kalimantabik.
Salam karaharjan dhumateng para sedherek sedaya ingkang minulya.
Keparenga kula ngaturi pirsa babagan piwulang kautaman mungguhing Bangsa Jawa saking Para Leluhur.
Jumbuh kalawan kawontenan nagari ingkang samya risak amargi saking tumindake manungsa ingkang sami kicalan jati diri, kula badhe matur tuwin ajak-ajak supados para sedherek sedaya sami-sami putranipun Ibu, kersa kondur wonten pangrengkuhe Ibu.
Kanjeng Ibu tansah kapang dhumateng para putrane, katresnan Ibu tansah lumintu mbanyu mili dhumateng keng putra sarta mboten nyacah lan ngemut-emut kalepatan kita, nanging suwalikipun, kadhangkala kita lali marang wong tuwa malah asring damel getun lan gempunging manah, kados paribasan ‘kasih ibu sepanjang jalan kasih anak sepanjang penggalan’.
Mboten badhe dados lare duraka, mila sumangga kita sedaya purun wangsul dhumateng Bapa Biyung kita sedaya. Kautaman Leluhur sampun paring piwulang bilih Bapa Biyung punika minangka Lajering Urip Pancering Allah, nenggih Allah Katon.
Sumangga sami NYAUR BANYU SUSU dhumateng Ibu,
Mboten nami badhe damel asoripun sih katresnan Ibu dene kumawantun nyaur banyu susu. Badhe kados pundi kemawon, sih katresnan Ibu marang kita mboten badhe saged kasaur. Nyaur banyu susu ngemu suraos bilih kita minangka anak mboten lali marang wong tuwa. Sedaya pangrengkuh lan sih katresnane tiyang sepuh marang kita putranipun mboten badhe kalimengan.

Dene patrapipun kados makaten :
Para sedherek saged nyawisaken Kembang Setaman punapa Kembang Boreh ing njero ngaron/baskom isi toya. Samangke monjuk ngarsaning Ibu, sujud sumungkem, ngaras tuwin ngumbah sukunipun Ibu saking racikan/driji, polok ngantos wengkelan/wentisipun dipun blonyo ngagem sekar, kanthi matur mekaten :
Duh Ibu.. Keng putra sowan wonten ing ngarsanipun Ibu.
Sepisan, caos sembah pangabekti mugi konjuk ing ngarsanipun Ibu.
Angka kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kula saklimah tuwin lampah kula satindak ingkang kula jarag lan mboten kula jarag ingkang mboten ndadosaken sarjuning panggalih, mugi Ibu kersa maringi gunging samodra pangaksami.
Keng putra nyuwun sabda lebur sedaya kalepatan ingkang sampun kula lampahi, lan keng putra nyuwun berkah pangestu tuwin sabda pangandikanipun Ibu.

Ing mangke biyasanipun Ibu lajeng muwun, tangis-tangisan lan paring sabda pangandika.
Tumetesing waspa Ibu dados pambukaning warana ghaib lan sabda pangandikanipun andadosaken pangestu lan sipat kandel kita.
Inggih punika ingkang ugi dipun wastani salah satunggiling cara GAWE WADAHING NGELMU, Kagem para panggilut Kasampurnan, tamtu sampun boten katilapan menawi Ngelmu puniku wonten wadhahe, wonten isine lan ugi wonten tutupipun. Dipunwastani tutuping ngelmu menawi sampun saged pepanggihan kalawan Sedulur Sejatinipun piyambak. Nanging kados pundi sagedipun nutup menawi wadhahipun kemawon dereng mangertos punapa dene isinipun.??
Sasampunipun sami tetangisan, sukunipun Ibu lajeng kita lap ngantos garing. Toya sajeroning ngaron wau sampun dipun bucal nanging kita pundhut sagelas kangge diminum.
Dene kagem sedherek ingkang sampun katilar dening Ibu punapa dene Bapa ingkang sampun surut ing kasedan jati caranipun benten malih.
Ubarampe ingkang dipuncawisaken :
1. Kembang Boreh lan Kembang Setaman;
2. Santen klapa ijo dicampur gula Jawa.
Patrapipun :
1. Sareyan dipun banyoni santen saking nginggil mangandhap lajeng kanan kering sakupengipun;
2. Kijing/Pathok/Sekaran sareyan dipun blonyo kembang boreh;
3. Nunten sujud sungkem nyuwun pangapunten lan nyuwun berkah keramatipun Ingkang Sumare.
Mugi kita sedaya pra putra Ibu, inggih Ibu kita pribadhi punapi Ibu Pertiwi, tansah dipunjangkungi lan dijampangi sih katresnan Ibu. Nyumanggakaken menawi badhe nglampahi dawuh kautaman leluhur punika.
Wilujeng rahayu kang tinemu, bandha lan begja kang teka.
Nuwun…

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....