Selasa, 16 Oktober 2012

GEGURITAN


GEGURITAN

 Wacana puisi Jawa (Geguritan) yaiku tembang uran-uran awujud purwakanti. Geguritan yaiku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, guru lagune ora ajeg (Kamus Bahasa Jawa, 2001: 270).
Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat.
  Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. 


Sing diutamakake ana ing geguritan yaiku :
1. Tembung-tembunge pilihan lan mentes
2. Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes)
3. Migunakake basa kang endah (basa rinengga),
4. Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa : a.Ater- ater a b.Seselan in lan um c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa
5. Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah.

Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
1. Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)
2. Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai) 

Warna-warna araning geguritan :
nSyair rong gatra (baris) sapada(sabait) = gita dwigatra n Syair telung gatra sapada = gita trigatra n Syair patang gatra sapada = gita catur gatra n Syair limang gatra sapada = gita panca gatra n Syair nem gatra sapada = gita sadgatra n Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra n Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra n Syair Bebas Geguritan diperang dadi loro :


1. Geguritan tradisional di purwakanthi ukara “Sun Gegurit”
Tuladha :

Sun Gegurit

Ing jaman saiki
Akeh kahanan kang nggegirisi
Motor, truk, kan bus nyemplung kali
Seengga ndadekake akehing pepati
Mulane ayo padha sing setiti ngati-ati
Nambahana syukurmu marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
Kang nguwasani isine jagad sakindhenging bumi
Mung payuwunku siyang pantara ratri
Enggala ayam, tentrem, kasembadan, lan murakabi ing sasama

2. Geguritan modern ora duwe pathokan-pathokan tartemtu
Tuladha :

Welinge Wong Tuwa

Anakku, kang dak tresnani
Welinga wong tuwamu tumrap sliramu
jagad iki jembar, lagit iki dhuwur
Tontonen lintang-lintang ing angkasa
kumedheping lingtang katon ngawe-awe
gegayuhan iku bias kasembadan lamun ana laku
ngelmu iku kalakone kanthi laku
Anakku…
jagad padhang iku kanggo sliramu
Aja seneng nggunggung diri tundhone bekal kleru
sapa kang malang tumoleh bakale ora pikoleh
kang ora jujur bakal ajur
becik ketitik ala ketara
sapa kang salah bakal seleh

********
ing ngisorki geguritan modern  ala ngudarasa mas brow....mbak brow....muga bisa dadi inspirasi ya....





***  2012  ***

PITULAS JULI 2012
Ing wayah sore sorote srengenge
Tetulunga aku Kangmas...
Uga gage lehku lumaku
Laku gage ketemu wanodyayu
Ayu budi manis   esemu
Sengsem gumeter jroning kalbuku

Jumangkahku tan sayah ngreridhu sliramu
Umbul dongaku mring Gustiku
Lumeber asih mring sliramu
Imbangana anggonku ngreridhu cahYayu...

Dadya tatu kang peni nalika  iku
Antep prasetyaku mring sliramu
Delingen rasaku cahYayu
Iki kangmas branta ing kalbu

Sansaya adoh ing sawange netraku
Endah esemu gawe liwunge rasaku
Kenya pepujanku.....
Sepira gedhe luputku  mring sliramu
Ing sedya pangapuramu tansah dak antu-antu...



KANGEN
Gumebyaring Lintang
ngelingake nalika nyandhing Esemu

Sumilire Angin wengi
banget trenyuhake ati

Dosa apa sing daksandhang....tega ninggal Aku..
Tresnaku iki tulus lan suci
Tega sliramu blenjani

Gedhe Rasa Tresna
yo mung kanggo Sliramu
ora nyono Kowe lali karo Aku

Jebul..
manis-manise lambe..
prasetyamu luput ing janji
Tansah gawe lara ati..

dening Nuri Setyono *********



RASAKU
Nadyan abot daklakoni
Umbul dongaku mring Gusti
Rasaning kalbu, kalut….
Iki rasa apa…. 

Sengsem jroning dhadha
Esemu kababar jroning kalbu
Tan bisa nendra…
Yen kagawang pasuryanmu
Olehku  nunggu lilihing atiMu, aku sranti...
Nadyanta ing pangarep
Ora bakal nduweni 


 dening Nuri Setyono
******

*********
Nelangsane ati iki
Urip nanging kaya mati
Rintihaning kalbu iki
Idam-idam bisa'a nemoni

Setyaku nunggu sliramu
Enggal pengen bisa ketemu
Tumenan anggonku ngrindu
Yen amung ing ngimpi bisa'ku ketemu
Ora'a bisa ngilangake kangenku
Nanging wis gawe leganing kalbu
Ora'a bisa nemoni,nanging ra bakal lali dongaku marang keslametanmu

hiks...hiks...hehehehehe...


dening Cahya Fajar Nisa Octaviani 
**************

 
 

WUYUNG
Cumlorot cahyaning pepadhang
Antuk'a jampi lesuning ati
Hhhmmm....kenya sing dak gadhang
Yo mung wewayangmu kagawang siang klawan ratri
Antepanana anggonmu prasetya Yayi

Memanismu angujiwat
Endah esem yo solah bawamu
Njalari ati tan kuwawa endha
Tumekan kapan rasa iki...
Anggonku nunggu lilihaning atimu, aku sranti
Rasa ayem..tentrem,,,,sengseming ati
Ing pangajab dudu amung ngimpi....bisaa nduweni 

dening  Nuri Setyono
*********


Anggon'e mripat amung pengen nglamuN,
Ra bisa ngilangake wewayangmU,
Jroning ati tumekan pikiR,
Umpama'na bisa mbalenI,
Nalika kapisan kepethuK,
Awakmu katrusan ing ngimpikU,


dening Cahya Fajar Nisa Octaviani
            *********


Sumulur endah esem, rasa, kenya pepujaN
Rina klawan wengi sliramu tak impi- impI
Ing rasa datan bisa tak selak'i nimaS
Kadya rasa bingung liwunge nalA
Antep mantep prasetyamu mring ingsuN
Nentremake rasa jroning kalbU
Dhedhet peteng sing ngenteni Cahyaning fajaR
Ing pamujiku gage bisa nemonI


    dening Nuri Setyono
******** 

Setahun Rong Wengi
Sinaput ing rasa ngeres
Ombak segara tanpa swara
Netes luh ndruwes rumembes
Gegodhongan kari rangka
Ora ana kembang kang angganda
Langit peteng, lintang kesasab mendhung nggameng
Anggonku nyandra muspra cahya ne
Suka, sorak, giyak lan gumuyu wus lesu

Jinarak jangkahku kebak ing cidra
Uga gawe pahit getiring nala
Lelakon kang gawe ngunguning ati
Iki masmu ngemis welas pangapuramu Cah Ayu

Sakkabehing cidra luput mring sliramu
Lobat-labetku kang wus banget
Iki dakwangsuli, sun ngenteni...
Rembug satugel, gawe leganing ati
Angel dakrasa sliramu nglegani

Mas, cabuten tembungmu yen tresna mring aku.........
Upayaku lunga, kanggo suksesmu ndhuk....

Binarung rasa  tan kena cinandra, aku ra kwasa
Anggonku lunga katon dibanda
Linambaran tresna kang nyata
Ing kene sliramu paring pangapura....

dening Nuri Setyono 
*********

RAMA
Bapa, sliramu wis sowan marang Gusti
Nalika putra putrimu ngelak pitutur luhur
Iki donyane wis ajur mumur
Akeh manungsa sing urip nglantur angel diatur

Bapa, sliramu wis sumare ing alam kalanggengan
Nalika donyane kebak wisa
Kang sumrambah ngracuni para manungsa
Kamangka putra putrimu isih butuh tuladha

Bapa, sanajan ragamu wis muksa...
Ning  ing pucuking wengi iki
Ana sakcuwil pepelingmu sing tansah tak eling eling...
Uga isih daksimpen ana cepiting ati..

Bapa, sliramu nate ngendika...
Yen manungsa pengin nggayuh mulya ndonya akherat,
Mung siji kang kudu diugemi, yaiku sabeb saben arep tumindak
Tansah eling lan nyandhing marang Gusti kang Akarya Jagad

Bapa, senajan ragamu wis sumare..
Ning tuladhamu nggo nggayuh suwarga tansah dak amalake..

*** Tansah dadya Cahya kang sumunar,
mrabani pepetenge jagad raya ya ndhukPian****

dening Nuri Setyono 
**********

**************
SEMINGGU

Yayi...
Sawetara seminggu anggonmu Bali
banget tentremke ati.
 
Dina iki katitik
aku kudu nuruti apa saktenane panjalukmu.
iya....
taksaguhi,
nadyan abot daklakoni.
 
Dak rumangsani nyata akeh cidra ing janji
nanging aku ora bisa nyelaki
isih ngrembaka rasa ing tresna.
iki kang gawe branta ing nala
 
Banget nggonku memuji
muga sliramu tansah antuk berkah lan asih mring Gusti
 
Lungaku iki ora nglungani
swalik'e...merga nresnani Yayi
paribasan....
laramu yo laraku..
senengmu yo senengku....
 
welingku yo wekasanku...
antepana yen duwe Lelaku
sing ati-ati nggonmu Lumaku CahAYu...
nganti tekan kapan, masmu ra bakal bisa Kelangan
tansah ngreridu jroning kalbu...

dening Nuri Setyono
*********
 by. ment@ri

Aku isih duwekmu
Lumaku kaya ngawang
Ngawang ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan

Apa sejatine?
Kang ngganjel jroning manahmu
Tegese luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa gawa aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku,
Senajan ora mesti bisa mungkasi
Lilakna aku andum donyamu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan

Aku isih duwekmu
Iki ragaku
Iki sukmaku
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa...

****tansah dadya cahya kang sumunar,mrabani pepetenge jagat raya****

dening Nuri Setyono
 ***********



tumetese banyu
dadi trenyuhe atiku
tatatuturmu keh dadi patuladhanku
sansaya suwe anggonku urip
sansaya ngrembaka ELING sliramu...
nyata aku muNg awujud bleduk,
tanbisa mujudake kekarepanmu kang suci edIpeni...
dak wangSuli yAyi,
tresNamu dak ukir jroning pikir
dak Uri-uRi ing telenging atI...

nganti tekeng pati...

dening Nuri Setyono
*********




"mikul dhuwur mendhem jero"
dak umpamakna:
..ing wayah dalu ratri, ono kang sumunar kemerlip, yaiku lintang.
Sanadyan cilik-cilik nanging bisa dadi kembang ing sajroning pepetengan.
Tansah dadio Cahya kang sumunar ngebeki pepetengan jagad kang wus gumelar....
Luh kang tumetes jroning atimu, dadio pecut nggayuh sampurnaning laku ning urip bebrayan....
Percaya aku,awakmu kuwasa.......

*nisa*  





   Cahya Sumunar

Cumondhok ana jero telenging kalbu

Ana ganda aran saka sliramu
Hanglembara ana ing pangrasaku
Yo mung sliramu dadi kenya pepujanku
Ana ing kabeh lakon duk wingi uni

Sumilirake sunyi gerah ing ati
Ana raga, nanging tan nyandhing sliramu
Katresnanmu sajroning ati, tansah tak uri
Lampah jumangkah tan bakal sayah...
Amung wewayangmu ing netra ya kalbuku
Woh ing pangajabku kabeh iki
Antuk'a kasunyatan  ing sejatine katresnan
Saksuwene nggonku ngalam bebrayan
Endah, edipeni...dadya dongaku mring sliramu

Umpama kwawa mbalik ilining wektu
Rinten dalu dakkanthi sliramu tumekaning patiku
Impi- impenku kabeh, ora mokal daklakoni
Pangrasa iki banget gawe branta ing ati
  
 Lanjutna Laku mu CahyAyu!!!!!!!!!!




muspra

Sumilir angin dalu
Nengsemake atiku
Sing kumanthil in g sak kabehe mangsa
Rina wengi ora nglegiwa
Marang nasibku sing nrenyuhake nala
Ati kaya kaya setengah mati
Awak iki nalika sira tengeri
Ana ing  telenging ati
Nanging ora bisa nyawiji
Swaraning beda carane
Nyembah Gusti lan dhuwuring pager wesi
Kang direka daya mangsa
Kang kumawasa
Ora tepa marang sapadha padha
Aku rila legawa
Sliramu bisa mrana mrene
Njala iwak nyang segara
Kanggo nglalekake angen angen sing wis muspra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....