Purwakanthi
Purwakanthi utawa aliterasi yaiku
unèn-unèn utawa ukara kang runtut basa utawa sastrané. Purwakanthi kang runtut
basané jenengé purwakanthi basa, déné yèn ing sastra sinebut purwakanthi
sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tuladhane:
- Aja dumèh bagus terus kementhus.
- Wong sabar bakal subur.
- Kebat kliwat, gancang pincang.
- Tulung menthung.
- Yitna yuwana lena kena.
Purwakanthi miturut wujudé kaperang dadi telu,
yaiku :
A.Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unèn-unèn kang runtut swarané
(vokal) Tuladha:
- Gemi setiti ngati-ati
- Bungah susah iku lumrah
- Désa mawa cara negara mawa tata
- Aku lara paling para
B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unèn-unèn kang runtut
sastrané (konsonan) Tuladha :
- Tata titi Tatas titis
- Cecer cicir cewet
- Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unèn-unèn kang
kadhapuk saka rong gatra. Pungkasané gatra kapisan, dadi wiwitane gatra
kapindho. Thuladha :
- Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
- Bayem arda, ardane ngrusak busana
- Kolik priya, priyagung anjani putra
"Cahya kang Mrabani Pepeteng Gumelaring Jagad"

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....