Sabtu, 21 November 2015
UKARA LAMBA lan CAMBORAN
UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN
Kapirit saka andharan kang winengku ana ing sajroning ukara, ukara bisa kabedakake dadi loro yaiku: ukara lamba (kalimat tunggal) lan ukara camboran (kalimat majemuk).
Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara kang medharake gagasan (ciptaning ati) mung sae bab utawa dianggep mung sebab. Ukara iki saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa.
Tuladha:
- Sumini asah-asuh
- Adhiku maca layang kabar Suara Merdeka
- Tini lagi ndolani adhine ana ing ngarepan
- Yulianta sinau matematika lan basa Indonesia
Ukara Camboran (Rangkep)
1. Ukara Camboran yaiku ukara kang isi andharan rangkep, dumadi saka manunggale ukara loro utawa luwih; ukara siji lan sijine madeg dhewe-dhewe sarta isining ukara mau ana gandheng cenenge. Tuladha:
- Bapak maos koran, ibu dondom dene adhiku dolanan ing latar.
- Aku sekolah ana ing SMP, kangmasku SMA.
- Bapak lan ibune pinter nanging putrane bodho-bodho.
2. Ukara Camboran kaperang dadi telu, yaiku:
a. Ukara camboran sadrajat (kalimat majemuk setara)
Ukara camboran sadrajat yaiku ukara kang dumadi saka lamba loro utawa luwih, kang siji-sijine ukara mau isih madeg dhewe-dhewe sarta surasaning ukara-ukara mau ana gandheng cenenge.
Manunggale ukara-ukara mau sarana dijejerake: dene manut panjejere:
1) Sarana tembung pangiket kang samurwat: lan, karo, sarta dene.
Tuladha:
- Ratman ditampa ana ing Fakultas Hukum dene Tarna munggah kelas loro SPG.
- Pak Mantri iku wong kang luhur bebudene lan maneh enthengan tetulung marang liyan.
2) Sarana tembung pangiket kang mratelakake kosok balen:
Tuladha:
- Sinun anggone sinau mempeng banget, ewa semono bijine tansah elek banget.
- Pak Suta iku wong kang resikan banget nanging putra-putrane crobo banget.
3) Sarana tembung pangiket kang mratelakake sebab musabab:
Tuladha:
- Yen kowe kepengin bijine apik, kudu sregep sinau.
- Sikilku kesleo mulane aku banjur ora mlebu sekolah.
b. Ukara camboran raketan (kalimat majemuk rapatan)
Ukara camboran raketan yaiku ukara camboran kang salah siji peranganing ukara kang padha mung dikandhakake sepisan, mula ukara camboran raketan kena kabedakake dadi:
1) Raketan jejer
Tuladha:
- Tini anggone adus mruput banget, banjur dandan terus mangan nuli mangkat sekolah.
2) Raketan wasesa
Tuladha:
- Ibu ngresiki paturone, putrane sing mbarep jogane, adhine kamar tamu.
3) Raketan lesan
Tuladha:
- Bapak nulis layang ulem, aku sing ngamplopi, dene Pak Amat sing nyaosake menyang mitra karuh.
4) Raketan katrangan
Tuladha:
- Anggone tindak menyang Jakarta bapak nitih sepur, ibu nitih bis, Bapak Bupati nitih palwa gegana.
c. Ukara camboran sungsun (kalimat majemuk bertingkat)
Ukara camboran sungsun yaiku ukara kang salah siji saka perangane awujud ukara; dadi mbokmenawa jejere sing awujud ukara, mbokmenawa wasesane, lesane utawa katrangane. Ukara sing ngganti salah siji saka peranganing ukara mau diarani gatra. Mula ana gatra jejer, gatra wasesa, gatra lesan, lan gatra katrangan.
1) Gatra jejer yaiku ukara kang dadi gantine jejer ing ukara baku.
Tuladha:
- Papan sing kanggo nglairake aku ana ing Surabaya. ... omahku ana ing Surabaya.
2) Gatra wasesa yaiku ukara kang dadi gantine wasesa ing ukara baku.
Tuladha:
- Bapak Lurah ing desa Sidamulya. ... Bapakne priyayi kang dadi pinituwane ing desa Sidamulya.
3) Gatra lesan yaiku ukara kang dadi gantine lesan ing ukara baku.
Tuladha:
- Pegaweane sing baku makani pitik. ... pagaweane sing baku makani kewan sing bisa nulungi uripe.
4) Gatra katrangan yaiku ukara kang dadi gantine katrangan ukara baku.
Tuladha:
- Kangmasku dadi dhokter ing Jakarta. ... Kangmasku dadi dhokter ing papan sng rame dhewe sa Indonesia.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....