TANGGAP WACANA
Tanggap wacana utawi pidato inggih punika ngendika wonten ing sangajengipun
tiyang kathah. Ingkang kula maksud tiyang kathah punika tiyang ingkang
gunggungipun langkung saking sedasa, tamtu kemawon tiyang kathah ingkang kula
maksud punika makempal wonten ing satunggaling panggenang. Saha ngendika wonten
ing sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok.
Ingkang umum tujuaning tanggap wacono (pidato) punika kaperang dados tiga,
inggih punika:
a) kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes/ tiyang ingkang
midangetaken.
b) kangge nyaosi pepenget/ pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng
tiyang ingkang midangetaken supados tumindak kados ingkang dipun suwun dening
pawacana.
c) kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken.
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken,
ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saget mangertos saha paham
dumateng panopo ingkaang sampun dipun ngendikaken pawacana (ingkang maringi
pidato).
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pepenget/ pemanggih utawi kangge nyaosi
pengaruh dumateng tiyang ingkang mudangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih
punika pamidanget tansah enget kados ingkang dipun maksud pawacara. Saha
pamidanget saget mangertosi maksud tujuanipun pawacana, mangertosi punapa
ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken, dumateng
punapa ingkang sampun dipun ngendika kaken pamicara.
Bilih tanggap wacana kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken,
ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged rumaaos rena ing
panggalih.
Mboten ngemungaken punika kemawon, nanging tetiga perangan punika saged dipun
cakup sedaya. Dados tanggap utawi pidato dipun klempkaken tetiganipun.
TANGGAP
WACANA
TULADHA-TULADHA
SIKEP SARIRA INGKANG KURANG MRANANI
1.
=>Jumeneng
mboten nggatosaken papan panggenan.
2.
=>Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara.
3.
=>Jumeneng kaku utawi sawasunglipun loyo
mboten wonten semangat.
4.
=>Jumeneng kanthi suku sakelangkung
rapet,utawi sawasunglipun jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar (mbegagah)
5.
=>Jumeneng kanthi lelambaran satunggal suku.
6.
=>Ngewah-ngewah sarira.
7.
=>Gumujeng ingkang dipun damel-damel .
8.
=>Mbesengut.
9.
=>Gugup.
10.
=>Tumungkul.
11.
=>Asring ngebahaken satunggaling sariro.
12.
=>Ngebahaken sarira kanthi mboten trep
kaliyan ingkang dipun ngendikaaken.
13.
=>Asring kukur-kukur salah satunggalipun
sarira.
14.
=>Nglebetaken asta wonten ing sak clana.
15.
=>Mboten migatosaken ingkang midangetaken
16.
=>Asring ningali nginggil,lan sak
panunggalipun.
Tuladha :
Assalamualaikum Wr.
Wb.
Alhamdulillahi robil
alamin wabihinasta’in ala umuridduni awadin washolatu wasalamu wal ambiyai
walmursalin amaba’du.
Para bapak, para ibu
ingkang kula kurmati, para sedherek, para hadirin wal hadirot rohimakumullah.
Langkung rumiyin
sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang
murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun, saengga kita
saged makempal ing ngriki saperlu ngawontenaken halal bihalal warga Rowodadi
,Grabag ngriki.
Para hadirin wal hadirot rohimakumullah, sasampunipun kita
nindakaken ibadah siyam sewulan muput, kesabaran kita sampun dipunuji dening
Allah SWT, Mugi-mugi kanthi ujian menika kita saged ningkataken taqwa kita
dhateng Allah SWT.
Kita ugi ngrumaosi bilih sesambetan kita sedaya sadangunipun
setahun tamtu kemawon kathah kalepatan-kalepatan.
Awit saking menika wonten ing acara menika kita sami nglebur
dosa lan kalepatan kita sedaya, sahingga kita wangsul suci malih kados dene
bayi ingkang nembe lahir.
Mekaten para bapak,
para ibu lan para sedherek sedaya ingkang saged kula aturaken. Sedaya
kekirangan lan klenta- klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wabilahitaufik wal
hidayah,wassalamualaikum Wr. Wb
Cekap semaaanteeeeeeeeeeeeeeen.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....