Jumat, 24 Januari 2014

GUNUNGAN KAYON



SEDULUR PAPAT LIMA PANCER


(“Papat Kiblat Lima Pancer” )
Ing Kekayon wayang purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar Macan, Bantheng, Kethek lan Manuk Merak.
Kocape kuwi mujudake Sedulur Papat mungguhing manungsa. Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu patang warna yaiku :

  1. Macan nggambarake nafsu Amarah,
  2. Banteng nggambarake nafsu Supiyah,
  3. Kethek nggambarake nafsu Aluamah,
  4. Manuk Merak nggambarake nafsu Mutmainah

SEDULUR PAPAT LIMA PANCER
Njupuk sumber saka Kitab Kidungan Purwajati seratane  , diwiwiti saka tembang Dhandanggula kang cakepane mangkene:

Ana kidung ing kadang Marmati Amung tuwuh ing kuwasanira

Nganakaken saciptane Kakang Kawah puniku Kang rumeksa ing awak mami
Anekakake sedya Ing kuwasanipun Adhi Ari-Ari ingkang Memayungi laku kuwasanireki
Angenakken pangarah Ponang Getih ing rahina wengi Ngrerewangi ulah kang kuwasa Andadekaken karsane Puser kuwasanipun Nguyu-uyu sabawa mami Nuruti ing panedha Kuwasanireku Jangkep kadang ingsun papat Kalimane wus dadi pancer sawiji Tunggal sawujud ingwang Ing tembang dhuwur iku disebutake yen ” Sedulur Papat ” iku Marmati, Kawah, Ari-Ari, lan Getih kang kaprahe diarani Rahsa. Kabeh kuwi mancer neng Puser (Udel) yaiku mancer ing Bayi. 

Cethane mancer marang uwonge kuwi. Geneya kok disebut Marmati, kakang Kawah, Adhi Ari-Ari lan Rahsa kuwi?.
Marmati iku tegese Samar Mati ! lire yen wong wadon pas nggarbini ( hamil ) iku sadina-dina pikirane uwas Samar Mati.
Rasa uwas kawatir pralaya anane dhisik dhewe sadurunge metune Kawah, Ari-Ari lan Rahsa kuwi mau, mulane Rasa Samar Mati iku banjur dianggep minangka Sadulur Tuwa.
Wong nggarbini yen pas babaran kae, kang dhisik dhewe iku metune Banyu Kawah sak durunge laire bayi, mula Kawah banjur dianggep Sadulur Tuwa kang lumrahe diarani Kakang Kawah.
Yen Kawah wis mancal medhal, banjur disusul laire bayi, sakwise kuwi banjur disusul wetune Ari-Ari.
Sarehne Ari-Ari iku metune sakwise bayi lair, mulane Ari-Ari iku diarani Sedulur Enom lan kasebut Adhi Ari-Ari Lamun ana wong abaran tartamtu ngetokake Rah ( Getih ) sapirang-pirang. Wetune Rah (Rahsa) iki uga ing wektu akhir, mula Rahsa iku uga dianggep Sedulur Enom.
Puser (Tali Plasenta) iku umume PUPAK yen bayi wis umur pitung dina. Puser kang copot saka udel kuwi uga dianggep Sedulure bayi.
Iki dianggep Pancer pusate Sedulur Papat.
Mula banjur tuwuh unen-unen “SEDULUR PAPAT LIMA PANCER” Ing Kekayon wayang purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar Macan, Bantheng, Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur Papat mungguhing manungsa.
Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu patang warna yaiku :

  1. Macan nggambarake nafsu Amarah,
  2. Bantheng nggambarake nafsu Supiyah,
  3. Kethek nggambarake nafsu Aluamah,
  4. Manuk Merak nggambarake nafsu Mutmainah kang kabeh mau bisa dibabarake kaya ukara ing ngisor iki:


  • Amarah : Yen manungsa ngetutake amarah iku tartamtu tansaya bengkerengan lan padudon wae, bisa-bisa manungsa koncatan kasabaran,kamangka sabar iku mujudake alat kanggo nyaketake dhiri marang Allah SWT.
  • Supiyah / Kaendahan : Manungsa kuwi umume seneng marang kang sarwa endah yaiku wanita (asmara). Mula manungsa kang kabulet nafsu asmara digambarake bisa ngobong jagad.
  • Aluamah / Srakah : Manungsa kuwi umume padha nduweni rasa srakah lan aluamah, mula kuwi yen ora dikendaleni, manungsa kepengine bisa urip nganti pitung turunan.
  • Mutmainah / Kautaman : Senajan kuwi kautaman utawa kabecikan, nanging yen ngluwihi wates ya tetep ora becik.


Contone;
menehi duwit marang wong kang kekurangan kuwi becik, nanging yen kabeh duwene duwit diwenehake satemah uripe dewe rusak, iku cetha yen ora apik.
Mula kuwi, sedulur papat iku kudu direksa lan diatur supaya aja nganti ngelantur. Manungsa diuji aja nganti kalah karo sedulur papat kasebut, kapara kudu menang, lire kudu bisa ngatasi krodhane sedulur papat. Yen manungsa dikalahake dening sedulur papat iki, ateges jagade bubrah.
Ing kene dununge pancer kudu bisa dadi paugeran lan dadi pathokan...

Beneeeeeeeeeer ora monggo dipun penggalih sesarengan......hehehehe

TANGGAP WACANA



TANGGAP WACANA

Tanggap wacana utawi pidato inggih punika ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah. Ingkang kula maksud tiyang kathah punika tiyang ingkang gunggungipun langkung saking sedasa, tamtu kemawon tiyang kathah ingkang kula maksud punika makempal wonten ing satunggaling panggenang. Saha ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok.

                Ingkang umum tujuaning tanggap wacono (pidato) punika kaperang dados tiga, inggih punika:

a) kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes/ tiyang ingkang midangetaken.

b) kangge nyaosi pepenget/ pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng tiyang ingkang midangetaken supados tumindak kados ingkang dipun suwun dening pawacana.

c) kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken.

                Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saget mangertos saha paham dumateng panopo ingkaang sampun dipun ngendikaken pawacana (ingkang maringi pidato).

                Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pepenget/ pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng tiyang ingkang mudangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget tansah enget kados ingkang dipun maksud pawacara. Saha pamidanget saget mangertosi maksud tujuanipun pawacana, mangertosi punapa ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken, dumateng punapa ingkang sampun dipun ngendika kaken pamicara.

                Bilih tanggap wacana kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged rumaaos rena ing panggalih.

                Mboten ngemungaken punika kemawon, nanging tetiga perangan punika saged dipun cakup sedaya. Dados tanggap utawi pidato dipun klempkaken tetiganipun.

TANGGAP WACANA
TULADHA-TULADHA SIKEP SARIRA INGKANG KURANG MRANANI

1.       =>Jumeneng mboten nggatosaken papan panggenan.
2.       =>Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara.
3.       =>Jumeneng kaku utawi sawasunglipun loyo mboten wonten semangat.
4.       =>Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet,utawi sawasunglipun jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar (mbegagah)
5.       =>Jumeneng kanthi lelambaran satunggal suku.
6.       =>Ngewah-ngewah sarira.
7.       =>Gumujeng ingkang dipun damel-damel .
8.       =>Mbesengut.
9.       =>Gugup.
10.   =>Tumungkul.
11.   =>Asring ngebahaken satunggaling sariro.
12.   =>Ngebahaken sarira kanthi mboten trep kaliyan ingkang dipun ngendikaaken.
13.   =>Asring kukur-kukur salah satunggalipun sarira.
14.   =>Nglebetaken asta wonten ing sak clana.
15.   =>Mboten migatosaken ingkang midangetaken
16.   =>Asring ningali nginggil,lan sak panunggalipun.
Tuladha :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahi robil alamin wabihinasta’in ala umuridduni awadin washolatu wasalamu wal ambiyai walmursalin amaba’du.
Para bapak, para ibu ingkang kula kurmati, para sedherek, para hadirin wal hadirot rohimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun, saengga kita saged makempal ing ngriki saperlu ngawontenaken halal bihalal warga Rowodadi ,Grabag ngriki.
Para hadirin wal hadirot rohimakumullah, sasampunipun kita nindakaken ibadah siyam sewulan muput, kesabaran kita sampun dipunuji dening Allah SWT, Mugi-mugi kanthi ujian menika kita saged ningkataken taqwa kita dhateng Allah SWT.
Kita ugi ngrumaosi bilih sesambetan kita sedaya sadangunipun setahun tamtu kemawon kathah kalepatan-kalepatan.
Awit saking menika wonten ing acara menika kita sami nglebur dosa lan kalepatan kita sedaya, sahingga kita wangsul suci malih kados dene bayi ingkang nembe lahir.
Mekaten para bapak, para ibu lan para sedherek sedaya ingkang saged kula aturaken. Sedaya kekirangan lan klenta- klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wabilahitaufik wal hidayah,wassalamualaikum Wr. Wb
Cekap semaaanteeeeeeeeeeeeeeen.....