Katresnan kang tanpa
pangreksa iku dudu sejatining katresnan
Kena diarani
sejatining katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning hawa
napsu.
ana
unen-unen ” tresna iku wuta” yaiku síng kaprabawan hawa napsu.
Sing prayoga iku
mesthine kudu ngugemi unen-unen “tresna iku rumeksa” bisa salaras tumindake.
Rasaning katresnan
kang cedhak dhewe tumrap sadhengah manungsa iku dumunung ing awake dhewe.
Mula sapa kang
tresna marang sapadha-padha iku aran tresna marang awake dhewe,
tundhone sapa
kang tansah ngreksa marang karahayoning liyan,
ora beda karo pangreksa marang
keslametane dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
...sakmenika amung saking ngudarasa...kathah lepat nyuwun pangapunten...mangga dipun tanggapi kanthi sekeca....