Selasa, 27 Agustus 2013

TRESNA IKU RUMEKSA DUDU WUTA

Katresnan kang tanpa pangreksa iku dudu sejatining katresnan
Kena diarani sejatining katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning hawa napsu.
ana unen-unen ” tresna iku wuta” yaiku síng kaprabawan hawa napsu.

Sing prayoga iku mesthine kudu ngugemi unen-unen “tresna iku rumeksa” bisa salaras tumindake.
Rasaning katresnan kang cedhak dhewe tumrap sadhengah manungsa iku dumunung ing awake dhewe.

Mula sapa kang tresna marang sapadha-padha iku aran tresna marang awake dhewe,
tundhone sapa kang tansah ngreksa marang karahayoning liyan,
ora beda karo pangreksa marang keslametane dhewe.

KEPRANAN TRESNA

Kepranan jroning atiku
nalikane pisanan ketemu
Dasar wanita sembodo
wicaksono lan lego ing karya

Kepranan solah bawamu
nyoto lantip wasising wicoro
Wirogo sarto wiroko
nyoto ndiko kenyo kang sulistyo

Jroning batin tuwuh roso tresno
kang soyo ngremboko
Rino kelawan wengi
tresnamu tak anti anti

wong ayu tak impi impi
Soko sorote nitramu
yen ra selak sak jroning batinmu
Ora luput anggrahitaku
ono tresno sak jroning atiku

Jumat, 02 Agustus 2013

PITULAS JULI 2012



***  2012  ***
( nalika sepisanan nyandhing raga klawan sliramu, tansah dak ukir jroning pikir, tansah dak uri jroning ati nganti tumeka ing pati raga jiwa iki )

Pitulas Juli Rongewu Rolas
Ing wayah sore sorote srengenge
Tetulunga aku Kangmas...
Uga gage lehku lumaku
Laku gage ketemu wanodyayu
Ayu budi manis   esemu
Sengsem gumeter jroning kalbuku

Jumangkahku tan sayah ngreridhu sliramu
Umbul dongaku mring Gustiku
Lumeber asih mring sliramu
Imbangana anggonku ngreridhu cahYayu...

Dadya tatu kang peni nalika  iku
Antep prasetyaku mring sliramu
Delingen rasaku cahYayu
Iki kangmas branta ing kalbu

Sansaya adoh ing sawange netraku
Endah esemu gawe liwunge rasaku
Kenya pepujanku.....
Sepira gedhe luputku  mring sliramu
Ing sedya pangapuramu tansah dak antu-antu...