Selasa, 26 November 2013

KATUTUP MENDHUNG

**''PEPADHANGKU**
Mangsane gediblah ana sing susah ana sing bungah....
Endah cahyaning surya ana ngendi dunungmu...
Nalika peksi saut gumlawut dadi pangiring,
Tanpa swara tanpa sesautan.
Akeh pletik tumiba gawe atis balung raga tumekan jiwa.
Renyah wus dadi mlempem.....
Ing plataran ati rame dadi sepi..

.....KATUTUP MENDHUNG.....

MENDHUNG WUS TUMIBA

** MENDHUNG WUS TUMIBA **
Mendhung kang gumantung tansaya nggegulung.
Endah sumilir anginmu,
Nyata ganti nggubel adhem kang nyusup njero sum-sum.
Tanpa panggon lan paran gegodhongan mabur sinawur.
Asrine mega kinepung pedhut,kairing udan kang nggawe ati mumur...
Rasa gumrojog banjir luh sakabehing panelangsa.
Ing ati iki kairing gludug kang ngobrak-abrik jiwa lan raga.

..Mendhung yo Kekarepanmu wus Tumiba wus kasembadan,Endah Bungah ing Pangrasamu...

Selasa, 27 Agustus 2013

TRESNA IKU RUMEKSA DUDU WUTA

Katresnan kang tanpa pangreksa iku dudu sejatining katresnan
Kena diarani sejatining katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning hawa napsu.
ana unen-unen ” tresna iku wuta” yaiku síng kaprabawan hawa napsu.

Sing prayoga iku mesthine kudu ngugemi unen-unen “tresna iku rumeksa” bisa salaras tumindake.
Rasaning katresnan kang cedhak dhewe tumrap sadhengah manungsa iku dumunung ing awake dhewe.

Mula sapa kang tresna marang sapadha-padha iku aran tresna marang awake dhewe,
tundhone sapa kang tansah ngreksa marang karahayoning liyan,
ora beda karo pangreksa marang keslametane dhewe.

KEPRANAN TRESNA

Kepranan jroning atiku
nalikane pisanan ketemu
Dasar wanita sembodo
wicaksono lan lego ing karya

Kepranan solah bawamu
nyoto lantip wasising wicoro
Wirogo sarto wiroko
nyoto ndiko kenyo kang sulistyo

Jroning batin tuwuh roso tresno
kang soyo ngremboko
Rino kelawan wengi
tresnamu tak anti anti

wong ayu tak impi impi
Soko sorote nitramu
yen ra selak sak jroning batinmu
Ora luput anggrahitaku
ono tresno sak jroning atiku

Jumat, 02 Agustus 2013

PITULAS JULI 2012



***  2012  ***
( nalika sepisanan nyandhing raga klawan sliramu, tansah dak ukir jroning pikir, tansah dak uri jroning ati nganti tumeka ing pati raga jiwa iki )

Pitulas Juli Rongewu Rolas
Ing wayah sore sorote srengenge
Tetulunga aku Kangmas...
Uga gage lehku lumaku
Laku gage ketemu wanodyayu
Ayu budi manis   esemu
Sengsem gumeter jroning kalbuku

Jumangkahku tan sayah ngreridhu sliramu
Umbul dongaku mring Gustiku
Lumeber asih mring sliramu
Imbangana anggonku ngreridhu cahYayu...

Dadya tatu kang peni nalika  iku
Antep prasetyaku mring sliramu
Delingen rasaku cahYayu
Iki kangmas branta ing kalbu

Sansaya adoh ing sawange netraku
Endah esemu gawe liwunge rasaku
Kenya pepujanku.....
Sepira gedhe luputku  mring sliramu
Ing sedya pangapuramu tansah dak antu-antu...

Selasa, 30 Juli 2013

PURWAKANTHI



Purwakanthi
Purwakanthi utawa aliterasi yaiku unèn-unèn utawa ukara kang runtut basa utawa sastrané. Purwakanthi kang runtut basané jenengé purwakanthi basa, déné yèn ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tuladhane:
Purwakanthi miturut wujudé kaperang dadi telu, yaiku :
A.Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unèn-unèn kang runtut swarané (vokal) Tuladha:
  • Gemi setiti ngati-ati
  • Bungah susah iku lumrah
  • Désa mawa cara negara mawa tata
  • Aku lara paling para
B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unèn-unèn kang runtut sastrané (konsonan) Tuladha :
  • Tata titi Tatas titis
  • Cecer cicir cewet
  • Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unèn-unèn kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasané gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  • Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  • Bayem arda, ardane ngrusak busana
  • Kolik priya, priyagung anjani putra


 "Cahya kang Mrabani Pepeteng Gumelaring Jagad"

Senin, 29 Juli 2013

RA




Aksara Ra iki wancahan saka tembung Rasa....lha tembung rasa iki cedhak sambung rakete karo babagan pangrasa, ati, kalbu, tyas utawa nala....

gambarane kurang luwih ngene......
Cara menerapkannya nggunakake kekuatan perasaan batin utawa emosi jiwa. Setelah kita menggunakan daya cipta terhadap keinginan, maka dilanjutke dengan ngrasakake jero batin bahwa keinginan tersebut telah hadir dan dirasakan.
 lha iki saktenane kang dimaksud agar dalam dedonga kudu dilakukan dengan tenanan lan yakin donganya pasti diijabahi. Apa wae jejalukan kita tidaklah angel bagi Tuhan untuk mengijabahinya. Kita kudu selalu berprasangka baik marang  Gusti Pangeran, amarga Tuhan mengikuti persangkaan hamba-hambaNya.
Sahingga kita kudu pitados apa bae kita minta sudah dadi milik kita dan telah menerimanya. Seseorang kang donga dengan keyakinan penuh seperti ini bakal terlihat ekspresi wajahnya usai berdoa, yaitu diliputi perasaan bahagia, senang dan gembira. Meski saat berdoa tangan bergetar dan mata berlinang air mata. Sangatlah penting untuk merasa diri kita selalu dalam keadaan baik dan bahagia.
Pada intinya tidak boleh ada keraguan sedikitpun. Keraguan dapat merusak daya cipta dan perasaan kita sendiri. Karena itu, rasakan seolah-olah kita telah menerima apa yang kita inginkan. Itulah sebabnya, kita harus benar-benar berhasrat terhadap apapun yang diinginkan.
  kayadene dijlentrehne sebelumnya, keinginan itu harus jelas dan jangan setengah-setengah. Misale, seseorang memiliki keinginan untuk bekerja di perusahaan pertambangan, tetapi dengan hasrat yang tidak terlalu menggebu-gebu atau sekadarnya saja.
Ketika kemudian keinginan itu tercapai, biasanya tidak akan betah bekerja di perusahaan tambang tersebut. Hal ini terjadi karena hasratnya memang tidak ada. mesti sia-sia saja keinginan iku. Bahkan terkesan menolak pemberian Tuhan, meski sebelumnya orang itu yang meminta.
Dadi welingku marang kabeh wae yo masbrow, mbakbrow,,,,, ojo nganti dedolanan marang donga.
SOPO KANG TEKUN, TETEG, BAKAL TEKAN.

Jumat, 26 Juli 2013

SEMINGGU BALI



SEMINGGU

Yayi...
Sawetara seminggu anggonmu Bali
banget tentremke ati.
 
Dina iki katitik
aku kudu nuruti apa saktenane panjalukmu.
 
iya....
taksaguhi,
nadyan abot daklakoni.
 
Dak rumangsani nyata akeh cidra ing janji
nanging aku ora bisa nyelaki
isih ngrembaka rasa ing tresna.
iki kang gawe branta ing nala
 
Banget nggonku memuji
muga sliramu tansah antuk berkah lan asih mring Gusti
 
Lungaku iki ora nglungani
swalik'e...merga nresnani Yayi
paribasan....
laramu yo laraku..
senengmu yo senengku....
 
welingku yo wekasanku...
antepana yen duwe Lelaku
sing ati-ati nggonmu Lumaku CahAYu...
nganti tekan kapan, masmu ra bakal bisa Kelangan
tansah ngreridu jroning kalbu...
 by. ment@ri