Langgam “Jenang
Gulo”
Jenang gulo kowe
ojo lali
Marang aku iki,
cah ayu
Nalikane nandang
susah
sopo sing
ngancani
Dek semono aku
tetep setyo sarto tetep tresno
Dereng nate gawe
gelo lan gawe kuciwa
Ning sak iki
bareng mukti
kowe kok njur
malah lali, marang aku
Sithik sithik
mesti nesu
Terus ngajak padu
....
jo ngono ojo
ngono....
Opo kowe pancen ra
kelingan
jamane dek
mbiyen cah ayu
Kowe janji bungah
susah pada di lakoni
Langgam “LUNTUR”
Yen lunturo
wenterane
Ora kaya yen
luntur tresnane
Tekan tekane atine
Kaya kaya mung sak
sire dewe
Ora sembada biyene
Saben dina mung
tansah methuke
Saben kepethuk
tembunge
Angrerepo dadiyo
duweke
Ora maido
Kala mangsa mung
sok gawe gelo
Ewo semono nganti
bisa anglunturke tresno
Ditambakno mrono
mrene
Tiwas tiwas
ndedowo lelarane
Nanging tombo
sejatine
Ora liyo mung
awake dewe
Lgm LARA BRANTA
Yen kelingan mring
sliramu, aduh..
Kaya rinujit atiku
Yen siang tansah
katon malelo
Dalu datan bisa
nendro
Apa sliramu wis
lali tenan
Dhek semono nate
janji
Sedyo arep urip
bebarengan
Bungah susah
dilakoni
Nanging aku ora
ngiro
Yen sliramu bakal
cidro
Bareng saiki wis
mulyo
Banjur kromo
Ora nganggo
kandha-khanda.....
Opo pancen wis
pesthine aduh...
Aku mung kudu
narimo
Sapa kang bisa
paring usada
Wong kang nandang
lara branta
Bowo : yen ing tawang
ana lintang
Yen ing tawang ana
lintang
Wong bagus/wong ayu
aku ngenteni
Marang mega ing
angkasa
Sun takon wartane
reki
Janji-jani ku eling
Sumedot rasaning tyas
ingsun
Nimas ingsun prasapa
Sineksenan bumi
langit
Tangising tyas ngenteni
padang rembulan
yen ing tawang ana
lintang
Yen ing tawang ana
lintang, wong bagus/wong ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing
angkasa, kangmas/nimas
Sun takokne pawartamu
Janji-jani aku eling,
wong bagus
Sumedot rasane ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi,
kangmas/nimas
Tresnaku sundul
wiyati
Dek semana janjimu
disekseni
Mega kartika ka
iring rasa tresna asih
Yen ing tawang ana
lintang wong bagus/wong ayu
Rungokno tangising
ati
Binarung swarane
ratri kangmas/nimas
Ngenteni wulan
ndadari
Langgam “Dadi Ati”
Nggoleki sing koyo
ngopo
Wong nyatane kelakon
sprene
Angger-angger gandro
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bandha dudu rupa
Mung atine dadi
tetaline
Guyup rukun kadya
Pepindane mimi lan
mintuno
Wis jamak lumrahe
Yen wong urip, coba
lan godane, gedhee
Supradene ora
nganti
Ndadak dadi
gawe,eeaeoo
Rino lan wengi
dadi ati eea
Wong kang sabar
luhur bebudine
Dasar gemati
momong putra alus bebudine
Langgam “Retno
Pengasih”
Slagane retno
pengasih
Yen ngendiko sarwa
lirih
Senadyan amung
prasaja
Nganti bisa nuju
prana
Senadyan amerak ati
Katok luruh tan mboseni
Keh prio podo
kepranan
Enggar-enggar ing
katresnan
Eman-eman dok ing
moyo
Pancen di tinaalat
kumlawung
Retno nggunung retno
nggunung
jroning gandrung trus ambarung
pos....
Kedlewekan ing
panderek
Yo ben bisa pilih
asih
Mestine retno
pengasih
Tansah mring kang
maha luwih
Kedlewekan ing
panderek
Yo ben bisa
ngelingake
Mestine retno
pengasih
Tansah maha luwih
Lgm. IMBANGONO
KATRESNANKU
Saben dina mung ngalamun
Jroning sepi sepah
samun
Amung tansah
ngadulu
Wewayanganmu
duh kangmas wong
bagus
Lali lali tan bisa
lali
Saya sanget
ngrujit ati
Lelewamu wong
bagus
tansah
kumantil
Ing badane netra
Apa tego
siro kangmas cidro
ing janji
Misahake katresnan
jati
Lamun mangkono
piye katresnanmu..... piye katresnanmu
Moko kang mas
katresnanku
Bebasane tan biso
tinuku
Cunduk lan
prasetyaku
Atur marang jiwo
lan rogoku
Langgam ”ESEMMU”
Suwe ora ketemu cah
ayu
Gawe kangen ing atiku
Tak suwun rinten lan
dalu
Pamujiku manggiho
rahayu
Lha piye genah genahe
yo gene
Tak anti anti
khabare
Ora esuk ora sore
Mung kelingan sak
solah bawane
Nadyan mung krungu
suarane
Opo maneh yen nyawang
eseme
Bebasan segoro madu
kalah manis
Sing manis pancen
esemu
Ibo bungah ing ati
cah manis
Antuk nugrahaning
Gusti
Nora mung jroning
impenku
Biso nyanding sliramu
cah ayu
Langgam "Maesa Jenar"
Kaloningrat pilih
tanding, Maeso jenar
Satrio ing
pengging
Satrio degdyo
lelono ngupoyo
Sabuk inten
nogososro
Tan samaring
beboyo, Maeso jenar
Bekti ing negoro
Mandap jurang
nasak wono woso
Kayungyun guayane
bongso
Poro kang ambek
angkoro
Memalangi
sedyo utomo
Nanging pinesthi, lebur musno
Ketiban aji
sosrobirowo
Nora pamrih
kalenggahan, Maeso jenar
Wani datan giris
Ngeronce edining
asmoro
Kelawan wong ayu
dyah roro wilis
Gelang Kalung
Gelang kalung sing
tak tompo
Ngelingake jamane
semono
Naliko
biyen-biyene
Tresno aku nganti
sak lawase
Opo kowe ra
kelingan
Janji pingin, urip
bebarengan
Mbendino yo mung
tak roso
Opo pancen sliramu
ra kroso
Opo sliramu ra
getun
Moh rekoso urip
ono nggunung
Bungah susah di
lakoni
Yen rejeki ono
sing maringi
Gelang kalung dadi
seksi
Mugo sliramu ra
bakal nyidrani
Wiwit dunyo nganti
akhir
Duh wong bagus sing
tak pikir-pikir
Kembang Rawe
Caritane wong
seneng tunggal sak bale
Wiwitane lungguh
jejer sabendinane
Soyo suwe saben
jejer nyekel tangane
Banjur ngomong mas
aku tresno kowe
Caritane wong
seneng tunggal sak bale
Wiwitane lungguh
jejer sabendinane
Soyo suwe saben
jejer nyekel tangane
Banjur ngomong mas
aku tresno kowe
Kembang kenongo
atiku digawe loro
Kembang melati
agawe lorone ati
Kembang kecubung
agawe atiku bingung
Kembange mawar
tresnaku wis katon buyar
Mulo wong tresno
ora keno nggo sembrono
Ora becik kanggone
poro wanito
Kembange rawe iku
paribasane
Tinimbang rame
Luwih becik tak tinggalne
Tondo Moto
Senajanto ora
mitro
Tondo moto sing
tak tompo
Sanajan among
sepele
Ngelingake kabeh
lelabete
Koyo rembulan
lumaku
Kang madangi wanci
dalu
Koyo tumetese
banyu
Ngelingake kangene
atiku
Kae tondo moto
Mertandani ati
tresno
Nadyan nate nggawe
gelo
ning nyatane
mung katon ning moto
Tak simpen ono
kamarku
Dadi sulihe
sliramu
Tak simpen ono
atiku
liyo wektu bakale
ketemu
Pepiling
Wis wancine tansah
dielingke
Wis wancine podo
nindakake
Adzan wis
kumandang
Wayahe sembahyang
Netepi wajib
dawuhe pangeran
Sholat dadi cagake
agomo
Limang wektu kudu
tansah di jogo
Kanti istikomah
Lan sing
tumakninah
Luwih sampurno yen
berjamaah
Subuh dhuhur lan
asar
Sholat sayekti
ngedohake tindak mungkar
Magrib lan isak
jangkepe
Prayogane ditambah
sholat sunahe
Jo sembrono iku
printah agomo
Elingono neng
dunyo mungsedelo
Tabah lan tawakal
Pasrah sing kuwoso
Yen kepingin besuk
munggah suwargo
Ireng Manis
Yen kelingan
lelakon ku cah manis
Naliko ing
pamulangan
Aku duwe konco
putri, grapyak
Ayu lahir lan
bathine
Bareng dolan ning
omahku, perlune
Mung sinau
bebarengan
Suwe-suwe aku
tresno margo
Kelingan ireng
manise
Nanging cuwo, ora
biso urip bebarengan
Senajan aku wis
sumpah, tetep tresno lahir bathin, eee,eee.
Mung jalaran
pepisahan, dipekso omah omah wong tuwane
Tresnaku ra biso
ilang, margo kelingan ireng manise
Srihuning
Srihuning mustiko
Tuban
Labuh tresno lan
saboyo pati
Marang Raden Wiratmoyo
Kang wis prasetyo
anyambut krami
Srihuning datan
nggrahito
Kang rinipto
kadange pribadi
Wiratmoyo
putraniro
Rongglawe Adipati Tuban
Srihuning putrane
abdi
wongso pati nalikane uni
kapupuh ing madya
logo
perang tanding
lawan Minak Jinggo
katresnane Wiratmoyo
tinampi dening Roro Srihuning
senadjan
bebasaniro
prapteng lampus
alabuh negoro
Tresno sudro
Abote wong nandang
tresno
Tak belani nganti
tekan pati
Tresnaku mung
kanggo siro
Kusumo kang tansah
merak ati
Saben dino rabiso
lali
Mung kelingan
esemu
Sampek kapan aku
ra ngerti
Biso nyanding
sliramu
Abote dadi wong
sudro
Tresno tulus ora
dipercoyo
Wong tuwomu
ngumbar sujono
Tansah ngiro aku
wong durjono
Dalan-dalan sing
tak liwati
Ngalor ngidul mung
dengkul
Paribasan turu
klesetan
Uripku tansah
kebak pacoban
Cah ayu-cah ayu
tak enteni
Lilane wong tuwamu
marengke kowe
Sing sabar-sing
sabar yo tresnaku
Ing tembe mburi
bakal dadi duweku
duh gusti sing tak
puji
paringono dalan
kanggo tresnaku
Joko Mlarat
Wiwit biyen mulo
Aku rak wis kondo
Aku wong ndeso ora
bondo dunyo
Joko mlarat wong
tuwamu pangkat
Aku wong ndeso uripku rekoso
Iki wis wancine
kowe di daupke
Karo prio bagus
sing podo sugihe
Ora nyono lan ora
nglegewo
Yen sliramu tego
polokromo
Srengenge ngulon
parane
Yen bengi rembulan
jenenge
Esuk tempe jarene,
sore dele
Tresno tenan mbok
anggep sepele
Srengenge ngulon
parane
Yen bengi rembulan
jenenge
Esuk tempe jarene,
sore dele
Tresnamu mung
abang-abang lambe
Nawala
Wis tak tompo
nawalane
Surasane uga wus
mangerti
Warna-warna
pamuwuse
Temahane bisa ndudut ati
Ngantio tekan
seprene
Soyo gawe ewuhing
pambudi
Nggonku kirim
wangsulane
Sing mestine
dewe’e ngenteni
Nora gampang
Senanjanto mung
nuliso layang
Mrih bahagyan,
Yen diwoco wong
kang lagi nandang
Ora sepiro ujude
Dirasakno abote
kepati
Nawala mung
dluwang wae
Di buwango,
anggondeli ati
Ojo di pleroki
Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
karepku njaluk di esemi
tingkah lakumu kudu ngerti coro
ojo ditinggal kapribaden ketimuran
mengko gek keri ing jaman
mbok yo sing eling
eling bab opo?
iku budoyo
pancene bener kandamu
Kesumaning Ati
Kusumaning ati
Duh wong bagus kang tak anti-anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku
Duh wong bagus kang tak anti-anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku
Biyen nate janji
Tak ugemi ora bakal lali
njur kelingan jroning ati
Sak bedahing bumi
Tak ugemi ora bakal lali
njur kelingan jroning ati
Sak bedahing bumi
Kadung koyo ngene
Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake
Amung pamujiku
Mugo-mugo rak ono rubedho
Mugo-mugo rak ono rubedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo
Ora kondo-kondo
Nggonmu lungo
Ora kondo-kondo
Lingsir Wengi
Lingsir wengi
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngreridhu ati
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngreridhu ati
Kawitane
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane
aku dewe kang nemahi
Nandang bronto
Kadung loro
Sambat-sambat sopo
Nandang bronto
Kadung loro
Sambat-sambat sopo
Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi
Keno Gudho
Nalikane dek jaman
semono
Tresnamu setyo lan tuhu
Anane mung tansah ngalembono
Jujur ora nate cidro
Tresnamu setyo lan tuhu
Anane mung tansah ngalembono
Jujur ora nate cidro
Mulo aku tansah
animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit
tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet
rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Mulo aku tansah
animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit
tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet
rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Ojo Lamis
Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung
prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
Tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni
Thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo wong demen cidro
Uripe rekoso
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo wong demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji
ngendi kang suci
Tanggung bisa mukti
Tanggung bisa mukti
Gethuk
Sore sore Padang
bulan
Ayo konco podho dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame rame e … do gegojegan
Ayo konco podho dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame rame e … do gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen di sawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelengake
Kanco kabeh ojo turu sore-sore
Yen di sawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelengake
Kanco kabeh ojo turu sore-sore
…Gethuk
Asale soko telo mas
…Moto ngantuk
Iku tambane opo
Asale soko telo mas
…Moto ngantuk
Iku tambane opo
…Ala ala gethuk
Asale soko telo mas
…Yen rak pethuk
Atine rodo gelo
Asale soko telo mas
…Yen rak pethuk
Atine rodo gelo
Ojo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo
Prau Layar
Yo konco ning
nggisik gembiro
Alerap lerap banyune segoro
Alerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak
prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Ing dino minggu keh pariwisoto
Galo praune wis
nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Adik njawil mas
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe
NYIDAM SARI
Umpomo sliramu
sekar melati
aku kumbang Nyidam Sari
Umpomo sliramu margi
wong bagus, aku kang bakal nglewati
aku kumbang Nyidam Sari
Umpomo sliramu margi
wong bagus, aku kang bakal nglewati
Sineksen lintange
luku
semono janji prasetia ning ati
tansah kumantil ing netra rinoso
karasa arasaning ndriyo
semono janji prasetia ning ati
tansah kumantil ing netra rinoso
karasa arasaning ndriyo
Midero sak jagad
raya kalingono wukir
lan samudro nora ilang memanise
dadi ati selawase
lan samudro nora ilang memanise
dadi ati selawase
Nalika nira ing
ndalu atiku
lamlaman sliramu wong ayu
nganti mati ora bakal lali
lha kae lintange mlaku
lamlaman sliramu wong ayu
nganti mati ora bakal lali
lha kae lintange mlaku
Becak Solo
Becak Solo mlakune alon
prasaja
Sing nyopir sopan santun tata karma
Genjotane mantep ora ngresula
Tumpak’ane ora nyuwara menakke rasa
Sing nyopir sopan santun tata karma
Genjotane mantep ora ngresula
Tumpak’ane ora nyuwara menakke rasa
Becak Solo rina wengi datan
kemba
Wira wiri golek penumpang ngupaya upa
Ora ninggalke peraturan sing wis ana
Becak Solo nyata rag awe kuciwa
Wira wiri golek penumpang ngupaya upa
Ora ninggalke peraturan sing wis ana
Becak Solo nyata rag awe kuciwa
E pak becak kula mang terke
ten mbuderan
Bunderane ten sisih pundi wong ayu
Nika ketok melok-melok bunderane
Nika wonten bunderan Banjarsari
Bunderane ten sisih pundi wong ayu
Nika ketok melok-melok bunderane
Nika wonten bunderan Banjarsari
Pak becak kula numpak
bola-bali
Ndika purun kula bayar kalih niki
Ndika purun kula bayar kalih niki
Ndika purun kula bayar kalih niki
Ndika purun kula bayar kalih niki
Purun mawon angger kula mboten
rugi
Nyopir becak rina wengi pados rejeki
Nyopir becak rina wengi pados rejeki
Nyopir becak rina wengi pados rejeki
Nyopir becak rina wengi pados rejeki
Anting-anting
Ting anting mbang cempaka
Tanda mata saka seliramu
Ting anting tandha tresna
Lahir batin sineksen lintange luku
Tanda mata saka seliramu
Ting anting tandha tresna
Lahir batin sineksen lintange luku
Ling eling dhek semana
Rembulane ketutupan mega
Gawe kekesing ati
Nganti-anti tekane si jantung hati
Rembulane ketutupan mega
Gawe kekesing ati
Nganti-anti tekane si jantung hati
Anting-anting dhik kembang
cempaka
Wohing aren mbok yo eling dhek semana
Emprit ganthil mencok neng witing pari
Tansah kumanthil ana njeroning ati
Wohing aren mbok yo eling dhek semana
Emprit ganthil mencok neng witing pari
Tansah kumanthil ana njeroning ati
Ali-ali dhik kembang kuningan
Dilali-lali malah tambah kelingan
Manuk gemak mencok neng witing sawo
Bareng penak yo mas yo jo ngona ojo ngono
Dilali-lali malah tambah kelingan
Manuk gemak mencok neng witing sawo
Bareng penak yo mas yo jo ngona ojo ngono
Ting-anting mbang cempaka
Tanda mata uga tanda tresna
Ling-eling dhek semana
Yen ra nyandhing rasane neng ati gela
Tanda mata uga tanda tresna
Ling-eling dhek semana
Yen ra nyandhing rasane neng ati gela
Bengawan Sore
Neng pinggiring bengawan
Tansah setya ngenteni sliramu
Eling-eling jamane semana
Wus ndungkap pitung ketiga
Tansah setya ngenteni sliramu
Eling-eling jamane semana
Wus ndungkap pitung ketiga
Neng pinggiring bengawan
Saben-saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji
Ing lahir terusing ati
Saben-saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji
Ing lahir terusing ati
Sanadyan kaya ngapa….
Manungsa….mung bisa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi
Kita sak derma nglampahi
Manungsa….mung bisa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi
Kita sak derma nglampahi
Neng pinggiring bengawan
Wayah sore tansaya kelingan
Gawang-gawang esemmu cah ayu
Gawe sedhihing atiku
Wayah sore tansaya kelingan
Gawang-gawang esemmu cah ayu
Gawe sedhihing atiku
Ketaman Asmara
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Gela rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sing saya nelangsa
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sing saya nelangsa
Wis tak lali-lali
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu
Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Rasane tresna ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati
Wong kang lagi ketaman asmara
Rasane tresna ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati
Mawar Biru
Tumetesing waspaku
Ora tega rasaning atiku
Ninggalake…sliramu
Priya idhamanku
Ora tega rasaning atiku
Ninggalake…sliramu
Priya idhamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake…
Nalika bareng mlaku-mlaku
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake…
Nalika bareng mlaku-mlaku
Ora nyana ora tega, yen ngene
dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake rama lan ibuku
Mulih nyang ndesaku
Aku kudu melu,
Ndherek’ake rama lan ibuku
Mulih nyang ndesaku
Wekasan mung welingku
Aku nitip kembang mawar biru
Openana minangka tandha katresnanku
Aku nitip kembang mawar biru
Openana minangka tandha katresnanku
Ngalamuning Ati
Yen tak rasa,
Ra kuwasa rasa jroning ati
Tansah kelingan kembanging netra
Nggodha aku rina wengi
Ra kuwasa rasa jroning ati
Tansah kelingan kembanging netra
Nggodha aku rina wengi
Pancen nyata
Yen si rupa ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresna
Angel nggonku angoncati
Yen si rupa ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresna
Angel nggonku angoncati
Pamujiku
mbok bisa-a katekan setyamu
Katresnanku…..Ditimbangi……
Tresna kang satuhu
mbok bisa-a katekan setyamu
Katresnanku…..Ditimbangi……
Tresna kang satuhu
Kaya ngapa,
Iba bungah rasa jroning ati
Katekan setyaku tanpa aral
Begja nggonku urip iki
Iba bungah rasa jroning ati
Katekan setyaku tanpa aral
Begja nggonku urip iki
Ngimpi
Sripat sripit
lembehane mrak kesimping
Gandhes luwes wiragane anglamlami..
Sedhet singset
besus angadi busana
Dhasar ayu maksih kenya tan kuciwa
lembehane mrak kesimping
Gandhes luwes wiragane anglamlami..
Sedhet singset
besus angadi busana
Dhasar ayu maksih kenya tan kuciwa
Dak caketi
adhuh mesem sepet madu
Nora sronto tak gandheng malah gumuyu
Katon bungah
kenya kang pindha hapsari..
Kuciwane kabeh mau.. amung ngimpi….
adhuh mesem sepet madu
Nora sronto tak gandheng malah gumuyu
Katon bungah
kenya kang pindha hapsari..
Kuciwane kabeh mau.. amung ngimpi….
Minggat
Sri kapan kowe bali
Kowe lunga ora pamit aku
Jarene neng pasar pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali
Kowe lunga ora pamit aku
Jarene neng pasar pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali
Sri apa kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep ngono
Lara atiku atiku lara
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep ngono
Lara atiku atiku lara
Ndang baliya Sri, ndang baliya
Aku lara mikir kowe ana ing ngendi
Ndang baliya Sri, ndang baliya…
Tega temen kowe minggat ninggalke aku
Aku lara mikir kowe ana ing ngendi
Ndang baliya Sri, ndang baliya…
Tega temen kowe minggat ninggalke aku
Yen pancene Sri
Kowe eling aku
Ndang baliya
Aku kangen setengah mati
Kowe eling aku
Ndang baliya
Aku kangen setengah mati
Bagus Adhine
Aku bingung pilih endi
Bocah lora sarwa edi peni
Siji kakang siji adhi
Kabeh bagus gus…bagus
gus….bagus….
Gawe bingung atiku
Cah loro padha gagahe
Yen sinawang kabeh nyenengake
Mesthine ana bedane
Yen kon milih lih….milih
lih….. milih….
Aku milih adhine
Tuku jagung neng sar Legi
Aku bingung pilih endi
Kebacut luguning ati
Tuku kerdhus neng sar Gedhe
Sing bagus bagus adhine
Sing ngganteng ngganteng
kangmase
Tuku jagung neng sar Legi
Aku bingung pilih endi
Kebacut luguning ati
Tuku kerdhus neng sar Gedhe
Sing bagus bagus adhine
Sing ngganteng ngganteng
kangmase
Layang Kangen
Layangmu tak tampa wingi iki
Wis tak waca apa karepe atimu
Trenyuh ati iki maca tulisanmu
Ra krasa netes eluh neng
pipiku
Umpama tanganku dadi swiwi
Iku uga aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh marga
kahananku
Cah ayu entenono tekaku
Ra maido sapa wong sing ora
kangen
Adoh bojo pengin turu angel
merem
Ra maido sapa wong sing ora
trenyuh
Ra kepethuk sawetara pengin
weruh
Percaya..a aku kuatno
atimu
Cah ayu ngentenana tekaku
Sewu Kutha
Sewu kutha uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh padha ra ngerteni
Lungamu neng ngendi
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh padha ra ngerteni
Lungamu neng ngendi
Pirang tahun
anggonku nggoleki
Seprene
durung bisa nemoni
anggonku nggoleki
Seprene
durung bisa nemoni
Wis tak coba nglalekake
Jenengmu saka atiku
Satenane aku ora ngapusi
Isih tresna sliramu
Jenengmu saka atiku
Satenane aku ora ngapusi
Isih tresna sliramu
Umpamane kowe uwis mulya
Lila aku lila
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Lila aku lila
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senadyan wektu mung sedhela
Tak nggo tamba kangen jroning dhadha
Tak nggo tamba kangen jroning dhadha
Senadyan sakedheping mata
Tak nggo tamba kangen jroning dhadha
Tak nggo tamba kangen jroning dhadha
Setasiun Balapan
Neng stasiun Balapan
Kutha solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Nalika ngeterke lungamu
Kutha solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Nalika ngeterke lungamu
Neng stasiun Balapan
Rasane kaya wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra krasa netes eluh neng pipiku
Rasane kaya wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra krasa netes eluh neng pipiku
Dhaa… Dhadha sayang
Dha… Slamat jalan
Dha… Slamat jalan
Janji lunga mung sedhela
Jare sewulan ra ana
Pamitmu nalika smana
Neng stasiun Balapan Solo
Jare sewulan ra ana
Pamitmu nalika smana
Neng stasiun Balapan Solo
Jare lunga mung sedela
Malah tanpa kirim warta
Lali apa pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali
Malah tanpa kirim warta
Lali apa pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali
Blitar
Blitar kutha cilik sing
kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan
Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula
Ora mokal Blitar dadi kembang
lambe
Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate
Yen ta banyu nukulake patriote
Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate
Yen ta banyu nukulake patriote
Setya Tuhu
Aku kang setya satuhu,
Wit biyen nganti saiki
Bebasane…. peteng kapapak obor
sumunar
Andika pangayomanku,
Lahir batin ku wis nyata
Mung sajake… andika semune
kurang rena
Tandha yekti, paseksene
rikalane
Ngangkat awrat….. Mlampah
tebih datan lesu …..
Mugyantuk berkahing widi
Andika mung tansah lipat
Payuwunku setya kula tansah
anglam-lami
Bengawan Sore
Ning pinggiring bengawan
Tansah setyo ngenteni sliramu
Eling-eling jamane semono
Wis ndungkap pitung ketigo
Ning pinggiring bengawan
Saben-saben mung tansah
kelingan
Wus prasetyo ing janji kang
suci
Ing lahir terusing ati
Senajan koyo ngopo manungso
Mung biso ngreko lan njangka
Gusti kang paring idi lan
pesti
Kito sak dermo nglampahi
Ning pinggiring bengawan
Wayah sore
Tan saya kelingan
Gawang-gawang esemu, cah ayu
Gawe sedihing atiku
Putri Solo
Putri solo, ayune keporo nyoto
Pancen pinter alelewo
Dasar putrid solo
Nganggo selendang pelangi
Sumampir ono pundaki
Cunduke kembang melati
Dadi lan pantese
Melakune koyo macan luwe
Sandal jepit penganggone
Kiyet-kiyet swarane
Kelap kelip yo suwenge
Dasar, putrid solo…..
Putri solo
Yen, ngguyu dekik pipine
Ireng manis kulitane
Dasar putri solo
Kencono Katon Wingko
Ora koyo dek semono
Katresnanmu pancen nyoto
Anane mung tansah ngalembono
Ora nate gawe gelo
Mulo aku yo nimbangi
Tuhu tresno sarto bekti
Tresnaku ora mung ono lati
Nanging saterusing ati
Opo boyo darurane saiki mung
lamis wae
Katon yen wis oran nggape
Sak solahe mung tansah ngece…
Aduh gek kepriye…
Tak rewangi loro lopo
Naqnging yekti tanpo guno
Pancen sliramu wis ora tresno
Kencono mung katon wingko
Ali-ali
Ngagemo ali-aliku pamprihe
Ojo lali marang aku
Nadyan kulo mboten melu,
mbesuke
Ngelingono lelabetku
Lamun embane saloko, emane
Mung tansah ndamel cuwo
Niki embane kencono pamrihe
Tansah manggiho raharjo
Yen nganti ilang mripate
Jarene nemahi rubedo
Yen nganti di nggo wong seje,
mbesuke
Wis mongso bodo,a
Pilihanku mripat biru,
pamprihe
Mrih sulistyo ingkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke
Mirsanono ali-ali
Rondo Kempling
Ndak pundi Mbak Ayu
bade tindak pundi?
kadingaren tindak wae
ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi?
Timbang nganggur
kulo gelem ngancani
bade tindak pundi?
kadingaren tindak wae
ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi?
Timbang nganggur
kulo gelem ngancani
Kleresan mas alias kebetulan
blanjane kathah rada kabotan
Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi
blanjane kathah rada kabotan
Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi
Ee… Tobil wong Legan golek
momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?
Ampun gelo mas
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo
Awan-awan lungo blonjo
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…
Ning Semarang Mas..
Tuku gelang karo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..
Tuku gelang karo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..
Kempling lho mas….
Ojo Lamis
Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
loro tan antuk jampi
mbok ojo amung lamis
kang uwis dadine banjur didis
loro tan antuk jampi
mbok ojo amung lamis
kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci
tanggung biso mukti
Uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci
tanggung biso mukti
LUNGITING ASMORO
Sprene nggonku ngenteni..
janji
Iku prasetyane ati
Aku trisno mring sliramu
bocah ayu
Ra eling dino lan wektu
Ing ati katon rabiso ilang
Soyo suwe soyo rakaruwan
Nadyan mung tansah anggadang
Aku sabar yen sliramu
rakelingan
Wong ayu tak anti-anti
Jo pijer smoyo ae
Aku trisno karo kowe
Tegane atimu, soyo gawe loro
Iku ra prayoga
Aku ora bakal mundur
Aku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramu
Ukurane trisno
dudu bondo
Nanging lungiting asmoro
Kepranan
Kepranan jroning atiku
nalikane pisanan ketemu
Dasar prio kang sembodo(wanito sulistyo)
wicaksono lan lego ing karya Kepranan solah bawamu
nyoto lantip wasising wicoro
Wirogo sarto wiroko
nyoto ndiko prio kang sembodo(kenyo kang sulistyo)
Jroning batin tuwuh roso tresno
kang soyo ngremboko
Rino kelawan wengi
tresnamu tak anti anti
wong bagus(ayu) tak impi impi
Soko sorote nitramu
yen ra selak sak jroning batinmu
Ora luput anggrahitaku
ono tresno sak jroning atiku
by : NN
Mehrahino
nalikane pisanan ketemu
Dasar prio kang sembodo(wanito sulistyo)
wicaksono lan lego ing karya Kepranan solah bawamu
nyoto lantip wasising wicoro
Wirogo sarto wiroko
nyoto ndiko prio kang sembodo(kenyo kang sulistyo)
Jroning batin tuwuh roso tresno
kang soyo ngremboko
Rino kelawan wengi
tresnamu tak anti anti
wong bagus(ayu) tak impi impi
Soko sorote nitramu
yen ra selak sak jroning batinmu
Ora luput anggrahitaku
ono tresno sak jroning atiku
by : NN
Mehrahino
[Bowo]
Ayo rowang hangayahi kardi
Nora kendhat pembanguning deso
Binudi murih becike
Supoyo tansah maju
Ngupokoro karang lan kitri
Guyup rukun tumandhang
Asengkut gumregut
Temah dadiyo toto harjo handayani
Murah sandang pangan yekti
Jro kutho deso-deso [Langgam]
Wus mehrahino
Sumirate ing wetan prenahe
Poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Amanggul pacul garu luku anggeret kebone
Andelidir ngelur sulur ndadak ono pedhot’e
Gliyak gliyak
Anggliyak tansah rame ing gawe
sesambene tetembangan laras lelagone
Laras lelagone
Mungguh pedahe wanci ngundhuh
tikel pametune
Subur makmur
murah sandang pangan wekasane
Ayo rowang hangayahi kardi
Nora kendhat pembanguning deso
Binudi murih becike
Supoyo tansah maju
Ngupokoro karang lan kitri
Guyup rukun tumandhang
Asengkut gumregut
Temah dadiyo toto harjo handayani
Murah sandang pangan yekti
Jro kutho deso-deso [Langgam]
Wus mehrahino
Sumirate ing wetan prenahe
Poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Amanggul pacul garu luku anggeret kebone
Andelidir ngelur sulur ndadak ono pedhot’e
Gliyak gliyak
Anggliyak tansah rame ing gawe
sesambene tetembangan laras lelagone
Laras lelagone
Mungguh pedahe wanci ngundhuh
tikel pametune
Subur makmur
murah sandang pangan wekasane